Laman

Sabtu, 05 November 2011

Belajar Nulis Jawa

Kapisan : Hanacaraka
(sumber saka doc. SJGA)


Aksara Hancaraka iku sawijining aksara sing kaanggo ing Tanah Jawa lan saubengé kaya ing Madura, Bali, Lombok, lan uga Tatar Sundha. Aksara Hanacaraka iku uga diarani aksara Jawa, nanging sajatiné ukara iki kurang sreg amarga aksara Jawa iku warnané akèh saliyané iku aksara iki ora mung dienggo nulis basa Jawa waé. Aksara iki uga dienggo nulis basa Sangsekreta, basa Arab, basa Bali, basa Sundha, basa Sasak, lan uga basa Melayu.

Nanging ing artikel iki ukara Hanacaraka lan aksara Jawa dienggo loro-loroné lan yèn ana ukara aksara Jawa sing dirujuk iku aksara Hanacaraka.

Aksara Hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibridha antara aksara silabik lan aksara alfabèt. Aksara silabik iki tegesé yèn saben aksara uga nyandhang sawijining swara. Hanacaraka kalebu kulawarga aksara Brahmi sing asalé saka Tanah Hindhustan. Déné wujude, aksara Hanacaraka anané wiskaya saiki wiwit sa-ora-orané abad kaping 17. Aksara Hanacaraka iki jenenge dijupuk saka limang aksara wiwitané.

Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutn dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

 ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:

"Hana caraka" tegesé "Ana utusan". "Data sawala" tegesé "Padha regejegan". "Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané". "Maga bathawa" tegesé "Padha dadi bathang".

Urutan aksara iki digawé miturut legèndha yèn aksara Jawa iku diasta déning Aji Saka saka Tanah Hindustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngripta urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti panakawané; Dora lan Sembada, sing setya nganti mati. Loro-loroné mati amerga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.

***
Pindo : Panulisane 'A' lan 'O' ing Basa Jawa
(sumber saka doc. SJGA)

Ana wewaton kang wis lumaku nganti tekan saiki bab panulise swara 'a' nglegena iku nganggo /a/ apa nganggo /o/. Biyasane, yen ana swara [O] utawa /a/ nglegena ing sawijining tembung lan tembung iku diwuwuhi panambang -e (-ne), swara /a/ nglegena iku dadi [A], swara nglegena ing tembung iku katulis nganggo aksara 'a'. Ananging, menawa swara /a/ kang ana ing tembung kasebut sawise dipanambangi -e (-ne) ora owah dadi 'a', ning tetep nyuwara 'a' nglegena, swara /a/ nglegena iku katulis nanggo aksara 'o'. Pratitisna tuladha ing ngisor iki.

[segO] + -e (-ne) = [segAne] => segane
[OpO] + -e (-ne) = [ApAne] => apane
[ulO] + -e (-ne) = [ulAne] => ulane

[kOdhO?] + -e = [kOdhO?e] => kodhoke
[gembO?] + -e = [gembO?e]  => gemboke
[lObO?] + -e = [lObO?e] => loboke

[lOrO] +-e (-ne) = [lArAne] => larane 'sakitnya'
[lelOrO] + e (-ne) = [lelArAne] => lelarane 'penyakitnya'
[loro] + -e (-ne) = [lorone] => lorone 'duanya'
[leloro] + -e (-ne) = [lelorone] => lelorone 'keduanya'

NB : 
'Peristiwa morfologis, utaminipun monomorfemis', sauger tembung awasana vokal lan katambahi panambang -e, panambang dados -ne.
Contone: sega + -e = segane

Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar